Berusaha Menjadi Sukses

Sukses saat hidup, saat mati, dan saat dihidupkan kembali.


Ora isin ta ??

by Sigit Wahyu on December 28, 2011 • Kategori: Gado Gado

Ra sengaja maca soal penulisan gelar pendidikan. Mulai S1, S2 lan S3. Tibane akeh gelar sing ora dak ngerteni. Kuper tenan.. hehe..
Otomatis dadi eling dawuhe guruku biyen, sing intine, apa ora isin nulis gelar nek sandinge jenenge dhewe? Padahal ilmu sing disandang isih sithik banget.

Apa ora isin nulis Sarjana Ekonomi?
Gusti allah mesti luwih pinter soal ekonomi.
Apa ora isin nulis Sarjana Agama?
Lawong allah malah sing duwe agama
Sarjana hukum? Teknik dll ??

Ora isin nyang gusti allah ta?
Nek arep ditulis, wah… title le gusti allah bakal ngebaki buku sing kandel dhewe..

Dudu nyindir sing nulis title le lho ya,
lan ora nglarang nulis title,
Paling nggak.. yen arep nulis mbok yao krasa isin thithiiik wae.
Aja malah karo rasa bangga

Post Comment