Sakjane orang akeh sing isa nggawe ati iki gela. Yo mung samubarang sing wis klebu nyang ati, sing isa nggawe abang ijone ati iki. Gak ngerti maneh yen kabeh2 wis dilebokne ati, tambah akeh sing isa nggawe mangkel
Contone, yen ana wong wadon wudo mlaku dhewean turut ndalan, aku gak serik, gak gething, gak akeh komentar lah, ra ngefek istilahe. Seje maneh yen wong sing dak tresnani mlaku turut ndalan dhewean, padahal yo isih nggawe klambi lengkap, rasane ati wis rada gak kepenak.
MyLove, sorry yo, aku sensitif banget soal perkara2 sing nyangkut njenengan.
Sayange..
rasa gela mring wong sing disenengi kadang terus digawa
ora gampang nglalekke, kesalahane terus mbayang2i ati
yen aku wis pernah nglarani ati,
ora yakin atine isa nglalekke
wis talah dulur,
aja dieling2 salahe thok
bayangno apike wae,
yakin to ati iki tambah ayem lan tentrem.
hmmm….
aku dadi eling apa sing wis korbanke,
aku dadi eling apa sing wis dilakoni,
kesele, sabare, kabeh iku nggo nyenengke aku,
trus saiki aku duku piye nggo aweh piwales ?
yo.. aku mung isa mbales kanti donga
Post Comment