Dina iki ora sengaja diweneh kesempatan maca salah siji blog kanca lawas. Ing akan ana crita kunjungan nyang rumah sakit. Jenenge rumah sakit, yo akeh wong-wong sing lagi kena musibah. Yen ndeleng ngono iku, pancen rasane awake dhewe kudu isa luwih akeh syukur kanti kahana wektu iki.
Sing lagi lara mata, elingo nek kana ana sing wuto kawit cilik
Sing kerjo bayaran sithik, elingo akeh sing bingung golek kerjaan
Sing ora duwe motor, elingo malah ana sing ora duwe sikil nggo mlaku
Lan sak teruse..
Sering kan krungu omongan sing kaya ngono?
Pancen katon wajar seh, tapi yen dirasak-rasakke, dadi uwong kok yo mentalan tenan.
Lapiye, isane syukur yen ana wong sing luwih sara timbang deweke. Bayangke to, kok yo tega2ne ngucap syukur gak duwe motor sakwise nyawang wong sing gak duwe sikil. Kok isa2ne syukur lara mata sakwise eling ana wong sing wuto? Apa julukan sing pantes kanggo wong sing ngono iku yen dudu “mentalan” ?
Ora salah ngucap syukure, bro. Kahanan apa wae kita kudu tetep isa syukur dumateng gusti allah. Tapi mbok ya ojo ngenteni nyawang ana wong liyo sing luwih susah. Kapan isa ngrasakke susah yen ana sedulur sing susah nek carane ngene iki?
Tetep syukur dulur, apa wae kahanane
Pas dititipi utawa pas dijaluk titipane
Pas entuk bayaran pancen penak nek ngucap syukur
Tapi apa ya kuat ngucap syukur pas bar kecopetan??
Ya allah,,
njenengan paringi daya kuat
Post Comment