Berusaha Menjadi Sukses

Sukses saat hidup, saat mati, dan saat dihidupkan kembali.


Urip kanggo wong liya

by Sigit Wahyu on August 3, 2011 • Kategori: Gado Gado

Eling pelajaran IPA soal rantai makanan pas nek SMP biyen ?, Tanduran dipangan walang, walang dipangan kodok, kodok dipangan ula, ula dipangan elang dst. Tibane, kodok ngoyo tetep urip, ben isa dadi panganane ula. Apa pelajaran sing isa dipundut ?

Yup, kita urip sakjane dudu nggo awake dhewe. Penjahit diuripke ben isa nyediani klambi nggo wong liyane. Petani tetep dienekke yo nggo nyediani panganane wong liya. Tapi kadang kita kabeh iki lali, yen sakjane diuripke nggo nyukupi kebutuhane wong liya.

Alhasil, kita sering mikir awakke dhewe. Apa sing isa dak jukuk saka kana. Wong kae isa dak manfaatke nggo apa. Yen aku nglakoni ngene, bakal entuk apa. Awake dhewe sing dadi fokus pembahasan nek arep nglakoni apa wae.

Saling mengingatkan yo dulur..
Muga-muga isa mlaku nggo wong liya..
Lan mbanggakke sapa wae sing pernah kenal kita
Aku yo sering laline timbang elinge kok, hehe

Bapa, apa njenengan pun bangga duwe anak aku?
Biyung, apa njenengan pun bangga wis nggedekke aku?
Mas, Mbak, apa sampyan wis bangga duwe adhi aku?
Adi-adiku, apa sampyan yo wis bangga duwe kangmas aku?

Kanca2ku, apa sampyan wis bangga wis kenal karo sigit?
Putra2ku, apa sampyan wis bangga duwe bapak kaya aku iki?
Cintaku, apa sampyan yo wis bangga duwe pendamping kaya aku?
Ya allah…,
napa panjenengan pun bangga gadah kawula kados kula ?

Post Comment