Berusaha Menjadi Sukses

Sukses saat hidup, saat mati, dan saat dihidupkan kembali.


Kangen

by Sigit Wahyu on June 30, 2011 • Kategori: Gado Gado

Sapa sing ra pernah ngrasakke kangen? Raja utawa kawula, sugih utawa mlarat, lanang utawa wadon kabeh mesti pernah ngalami. Sampyan saiki kangen sapa dulur? Kangen anak, kangen bojo, kangen kanca, kangen wong tuwa? Kangen allah lan rosule ?

Yen masalah kangen sakjane aku yo gak pati paham seh. Apa pingin ngerti kahanane iku wis diarani kangen? Apa kepikiran iku wis isa diarani kangen? Walah… malah ra paham kan? Sing jelas, saiki aku lagi adoh karo wong-wong sing dak tresni. Saben sikil iki mlangkah, kaya-kaya terus kelingan. Pingin ngerti kabare. Pingin ngerti lagi apa sing nek kana.. Lha.. trus kapan elinge gusti allah, git?

Alhamdulillah, muga2 pas eling sapa wae, isa langsung eling marang allah, nggo masrahke, nggo ndonga, nggo njaluk, muga2 sing neng kana tetep apik-apik wae keadaane, tentrem lan ayem atine.. aamin.. La piye maneh, nggak isa action apa-apa, dulur. Arep nyapo nek nggak njaluk?

Post Comment