Dina jumat minggu kepungkur, isuk mulai nginstall server kantor. Eee sampe jumat sore durung rampung. Alamat gak isa pulang kampung ki. Tenan, jum’at bengi lagi rampung proses install. Lho.. isih ana sing error, gak isa konek oracle server lain. Padahal data2 akeh2 saka server lain. Piye ki??
Mulai hunting artikel2 nek google soal masalah oracle iku. Tibane akeh sing ngalami error serupa. Golek-golek nek website oracle, forum-forum dba oracle, la kok tetep wae gak temu. Sampe minggu masalah durung rampung. Wis bola-bali oracle dak install ulang, tetep wae durung kelar.
Minggu isuk mulai kepikiran, aja2 error dudu masalah oracle’e, tapi masalah windows’e. Ganti acara, ora nguthek setingan oracle, tapi maleh ganti uthek-uthek setingan windows’e. Sak wise sekitar 1 jam gonta-ganti setingan nek windows.. lhaaa.. masalah oracle tersolusi
Tibane rong dina iki aku salah paham. Dak kira masalahe ana nek setingane oracle. Lawong software liyane normal, lan artikel2 nek google yo ngomongke kesalahan nek setingan oracle. Masalah nggak rampung2 mergo aku fokus nek oracle sing dak kiro sumber masalah.
Kadang awakke dhewe nggak sadar nek sering salah paham. Pas ana masalah fokus nyang masalah iku nggo ngrampungke.
Seret bisnis’e, fokus nyang metode marketinge.
Nganggep bisnis bakal lancar yen nggawe metode sing bener.
Anak bandel nganggep cara ndidik sing salah.
Yen cara ndidike bener, mesti bakal bener dadine
Duwe Utang sing akeh, mikir kerja mempeng nggo nyaur
wah.. akeh maneh contone.
Aja salah paham dulur,
Aja terlalu fokus nyang masalah sing diadepi
Kadang masalah iku disebabke masalah liya
Lan bisa rampung yen masalah liya wis rampung
Lan yen ana masalah aja lali,
Yen ngrampungke masalahe dulur seiman,
Allah bakal ngrampungke masalahe awakke dhewe
Yen mbantu nggampangke urusane dulur seiman
Allah bakal nggampangke urusane awake dhewe ndunyo lan akherat
Post Comment