Berusaha Menjadi Sukses

Sukses saat hidup, saat mati, dan saat dihidupkan kembali.


Apa sing dadi tujuanku ?

by Sigit Wahyu on April 14, 2011 • Kategori: @Lakonku, Renungan Pribadi

Ora kaya biasane, telung dina iki sms saka milist sales akeh tenan. Kaya-kaya angger jam ana wae sing broadcast sms. Tangi turu wis ana sms, rada awan sithik, sore, bengi, ana wae sing diomong soal sales. Mulai laporan pencapaian sales, problem, solusi, rencana lan sakpinunggalane.

Pancen yen wis dadi tujuan awan bengi mesti kepikiran. Lungguh kelingan, ngadek yo kelingan. Merem utawa melek tetep wae pikiran. Apa sing arep dilakoni kudu isa nyedhakake marang tujuan iku, aja sampe malah ngalang-alangi. Kabeh rencana kudu searah lan isa ndukung apa sing wis dadi tujuane.

Trus saiki apa tujuanku?
Yen ditakone jelas wae aku njawab ALLAH tujuanku.
Nanging apa bener saben tingkah lakuku wis eling allah?
Apa kabeh obah usikku wis nyedhak’ake aku marang allah?

Ora isa dak selak’i,
Aku durung bisa nata ati
Akeh lakuku mung krana nafsu
Pikiranku isih kebak kedonyan
Akeh amalan isih mikir bayaran

Yo, tetep wae aku bakal ngupadi,
Amrih saben wektuku, saben lakuku
Tansah eling lan kelingan marang allah
Batin, ati lan pikiran tansah kebak dzat allah
Muga-muga….

Kubawa selalu kubawa
Namamu di dalam hatiku
Ke mana saja ‘ku melangkah
Kubawa selalu kubawa
Namamu di dalam hatiku

Tak sehari pun berlalu tanpa bayanganmu
Tak sedetik pun berlalu tanpa dirimu
…..

Post Comment