Berusaha Menjadi Sukses

Sukses saat hidup, saat mati, dan saat dihidupkan kembali.


Kabeh merga rasa tresno

by Sigit Wahyu on March 31, 2011 • Kategori: @Lakonku, Renungan Pribadi

Pas enak-enak gletak’an, arya lan kinza pada guyonan. Ee.. sing mas’e malah nyedhaki abine, ngejak dolanan jaran-jaranan. Sapa maneh sing dadi jarane yen dudu abine, arya sing numpaki. Ngerti mase numpak jaran, kinza gak gelem ketinggalan, melu munggah. Abine sing njilma dadi jaran mueng ditupaki 2 pangeran sing guyonan wae.

Wis kebayang to, abi sing tuwa dhewe, pinter dhewe, ganteng dhewe, sing nguwasai omah, ditumpaki cah cilik2 yo manut wae. Ora protes, malah mubeng-mubeng cekikian kanti seneng. Apa maneh sebabe yen dudu merga tresna ? Merga rasa tresna dadi jaranpun gak papa. Merga  rasa tresno ditumpaki cah cilik-cilik malah seneng lan semangat.

Trus, benarkah aku sudah mencintai allah?
Sepira gedhene trensnaku marang dzat allah?
Apa wis siap yen allah ndadekke aku tunggangan?
Apa wis lila yen allah ndadekke aku hina?

Apa isa diarani tresna,
Yen susah sithik wae wis ngersula.
Dadi jaran tunggangan sedelut wae,
Wis bengak-bengok ra karuan omongane

Allah ngongkon dadi wong mulya apa wong ina
Allah paring coba sing nyenengke apa sing nyusahke
Tetep lakon’ana kanthi senenge ati
iki dudu masalah apa sing dilakoni,
tapi masalah sapa sing maringi lakon

Abote wong nandang tresno
Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo ayu sing merak ati
Awan bengi ra biso lali
Tansah eling esem mu
Nganti kapan aku rangerti
Biso nyanding sliramu

Post Comment