Kinza, putraku sing siji iki sering ngelingke aku soal sikap sing kudune diduweni wong iman. Pancen durung isa omong sing cetho sing isa ditangkep wong dewasa. Nanging tingkah lakune iku lho sing sering aweh paweling.
Kinza yen ora ditunggoni umi-ne, kaya2 ora lengkap. La mbok wong sak omah nek sandinge, tapi umine liwat thok, ora melu nunggoni, tetep wae dhewene nangis. Tangi turu yen umine gak kethok yo nangis. Enak-enak dolanan, umine ngaleh yo nangis. Jan tenan.
Yen wis kethok umine, dhewene yo tenang-tenang wae. Dijak dolanan sapa wae, ra masalah. Maem didulang sapa wae yo ra majalah. Pingin mlaku ditetah sapa wae yo oke-oke wae. Tapi nek wis krasa gak ditunggoni umine, yo luwung nangis lan nggoleki. Sing ngejak dolanan, sing ndulang, sing netah maleh gak digabres
Kaya-kaya nek diawasi umine kabeh bakal aman nadyan karo sapa wae dheweke dolanan. Suwalik’e, lha nek gak kethok umine, ana sapa wae nek sandinge rasane tetep kurang kepenak, ra krasa aman palingo.
Wong kang iman, Sikape kaya-kaya isa nyawang pengerane. Paling ora, yakin yen gusti allah tansah nyawang sakabehe tingkah lakune. Ketiban apa wae jiwa raga iki, yakin kabeh wis kanthi ijin lan pengawasane gusti allah.
Maleh wedi merga terus diawasi? dudu iku sing dak maksud.
Kudune malah tenang - tenang wae uripe. Kaya kinza, didulang sapa wae, dolanan karo sapa wae, ora masalah. Yakin yen ana bebaya saka panganan, kanca dolanan, umine bakal ngalang-alangi. Umine ngerti nanging kok dijarke wae, berarti aman kanggo dheweke.
Dulur, aja sumelang karo kahanan ndonya iki. Gusti allah tansah welas asih marang kabeh kawulane. Gusti allah ora bakal nglerwakake, ngejarake, mengabaikan, kawulane yen pancen dianggep ra sanggup nampa coba. Gusti allah bakal aweh pitulung yen ana bebaya. Gusti allah bakal aweh panglipur yen ana susahe kawula. Ora-ora yen gusti allah bakal gawe sengsara kawulane. Gusti allah wis nyiptakke menungsa, ra mungkin arep disia-sia.
Yen pancen iman,
Aja wedi gak isa mangan, ana gusti allah.
Aja wedi ora bayaran, ana gusti allah.
Aja kuwatir dirasani tangga, ana gusti allah.
Aja kuwatir dulur, ana gusti allah.
Wani ora merga ngendelke kekuatane dhewe,
nanging merga ana sing ndekengi, GUSTI ALLAH
Crita sing kababar ing alam ndonya
Wus tumata, dadi, lan kari nampa
Mula aja sumelang diri pribadi
Mring pepesti kang bakal dumadi
Mugi Gusti kang akarya jagad
Tansah paring jiwa raga kang kuat
Post Comment