Kanggone manungsa, nefsu iku nduweni peranan sing penting. Kita kudu ngereh nefsu iki minangka dadi tunggangan marek maring allah sahinnga tumeka. Aja sampe suwalike malah di tunggangi nefsu. Ati, roh lan rasa dipaeka, dikunjara, dipeksa nuruti nefsu. Marek maring allah yen tanpa nunggang nefsu, bakal kangelan. Isa isa ngibadah 3000 tahun nembe isa tumeka. Nanging yen isa nunggangi nefsune, sak tutup ajale dhewe-dhewe isa tumeka kanthi slamet.
Akeh sing ngarani nefsu yaiku muring2, neson, gumedhe, riya’, maksiat lan liya liyane. Nangin sak jane dudu iku thok. Iku mau nefsu sing kasar. Kaya dene seneng ibadah, seneng ngamal, taubat, apike budi pekerti, pinter, kamulyan lan sapanunggalane uga isa diarane nefsu yen isih diakoni.
Mula sejatine kita manungsa kari sadermo tandang. Amerga sejatine sing ngobahne, sing pinter, sing duwe, sing kuwat ya mung gusti allah.
Wujude nefsu ora liya ya ndonya iki. Lan hakekate ndonya ora liya ujude jiwa ragane dhewe-dhewe. Nunggang nefsu isa cepet marek marang allah, yen ditunggangi nefsu ya ra bisa nyandi-nyadi. Numpak motor isa cepet sampe tujuan, yen ditumpaki motor, isa-isa mati nek enggon.
Lha posisiku saiki,
lagi numpak motor, apa malah ditumpaki motor ?
Post Comment